Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Khutbah Jumat Jawa: Tondo Nur Mlebet Wonten Ati

 الخطبة الاولى

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْعَلِيْمِ الْخَبِيْرِ، الْقَوِيِّ الْقَدِيْرِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ، خَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَأَتْقَنَهُ صَنْعًا وَتَقْدِيْرًا، شَرَعَ الشَّرَائِعَ فَأَحْكَمَهَا عَمَلًا وَتَنْظِيْمًا، فَسُبْحَانَهُ مِنْ اِلٰهٍ عَظِيْمٍ وَخَالِقٍ حَكِيْمٍ. وَاَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ  شَهَادَةً أَرْجُوْ بِهَا النَّجَاةَ مِنَ الْعَذَابِ الْعَلِيْمِ، وَاْلفَوْزَ بِدَارِ النَّعِيْمِ الْمُقِيْمِ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ وَحُجَّةً عَلَى الْعِبَادِ أَجْمَعِيْنَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهَدْيِهِمُ الْقَوِيْمِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا 

اَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ! اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، اِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى فِى السِّرِّ وَالْعَلَا نِيَةِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُونَ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo 

Wonten wekdal meniko monggo sami ningataken iman lan taqwa kito dumateng Allah Swt kanti sejatose taqwa. Monggo sami usaha dandani awak lan manah kito kanti saestu. Dinten gumanti dinten, wulan demi wulan, lan wonten dinten meniko kito nembeا kepangge tahun hijriyah ingkang enggal, inggeh meniko kanti dipun kawiti ulan Muharrom. Meniko dados penginget dateng kito, dene umur kito soyo sudo, sehinggo kito supados terus usaha langkung sahe lan giat anggene amal. Wonten setunggal hadits dipun sebataken bileh tondo tiang ingkang iman meniko deweke rikatan anggene amal akhirat, ngempalaken sangu-bondo kangge gesang benjang wonten akhirat. Dipun riwayatake saking Anas ra, bileh Muad bin Jabal sowan dateng Nabi Saw kanti mular, lajeng nabi tanglet, “Kepiye kabarmu isuk iki, hai Mu’ad?” Muad jawabi, “Injeng meniko kulo iman, wahai Rosul.” Lajeng Nabi ngendiko, “Saktemene saben-saben ucapan ono pembuktian lan saben-saben perkoro hak ono hakekate. Mongko, opo pembuktian songko ucapanmu?” Sahabat Mu’adz matur, “Wayai Nabiyallah, boten melebet wekdal injeng kejawi kulo nyono boten badhe menangi wekdal sonten, lan boten melebet wekdal sonten kejawi kulo nyono boten badhe melebet wekdal injeng. Lan kulo boten melampah kejawi nyono badhe boten saget nututi melampah maleh. Lan koyo-koyo kulo ningali saben-saben umat podo bungkuk ditimbali supados nerimo catetan amale, lan piyambake podo sareng kelawan nabi kang disembah utowo berholo kang podo disembah saliyane Allah, lan koyo-koyo kulo ningali kados pundi siksone penduduk neroko lan ganjarane penduduk surgo.” Rasulullah Saw ngendiko, “Siro wes weruh, mongko tetepono lakonmu!”

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Allah Swt sampun ngendiko wonten kitab suci Al-Qur’an:

فَاتَّقُوْا اللهَ يَا أُوْلِي الْأَلْبَابِ الَّذِيْنَ آمَنُوْا قَدْ أَنْزَلَ اللَّهُ إِلَيْكُمْ ذِكْراً ۞ رَسُولْاً يَتْلُوْ عَلَيْكُمْ آيَاتِ اللهِ مُبَيِّنَاتٍ لِيُخْرِجَ الَّذِيْنَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ

Artosipun: Mongko taqwaho siro kabeh marang Allah hai wong-wong kang podo anduweni akal yoiku wong-wong kang podo iman. Temen Allah nurunake marang siro kabeh perteleng (lan Allah ngutus) utusan kang moco ayat-ayat Allah ingatase siro kabeh, kang nerangno (hukum-hukum) supoyo wong-wong kang podo iman lan amal sholih podo metu songko pepeteng tumuju marang cahaya. (QS. At-Thalaq: 10-11)

Wonten ayat meniko Allah sampun janji kito sedoyo badhe dipun bebasake saking pinten-pinten pepeteng ingkang sampun kelaku wonten zaman jahiliyah meniko, inggeh meniko kanti ngutus Nabi, Rasul lan nurunaken Al-Qur’an. Kanthi ngutip ayat meniko, kawulo ngajak dateng jamaah sekalian supados terus usaha tumuju marang nur ilahi lan ngedohi pepeteng utowo dzulumat. Sinten mawon ingkang wonten wulan-wulan kapungkur tasek sami seneng ngelampahi maksiat lan lali saking Allah Swt, monggo kito sareng-sareng mlayu tumuju nur Allah Swt, inggeh meniko kanti estu-estu ngelampahi agami islam, kanti nderek-nderek dawuhe Nabi lan hikmahe ulama, kanti maos Al-Qur’an, merenungi lan nderek-nderek kajian Al-Qur’an ing ulama ingkang berhaluan Ahlussunnah wal Jamaah. Katah sanget kajian al-Qur’an ananging inggeh ugi katah ingkang ngaji al-Qur’an kanti akal utowo pendapate piyambak utowo kanti howo nafsu lan kepentingane piyambak. Kito kedha atos-atos pados kajian, kedha pados saking tiang ingkang anggadahi sanad keilmuan ingkang sambung saking kanjeng Nabi Muhammad Saw. Sehinggo, ajaran-ajaran nabi lan Al-Qur’an badhe saget tumancep wonten manah kito, lan kito saget medal saking pepeteng dumugi marang cahaya. 

Wonten setunggal kesempatan, Nabi Saw nate ngendiko:

إنَّ النُّوْرَ إذَا دَخَلَ الْقَلْبَ انْشَرَحَ لَهُ الصَّدْرُ وَانْفَسَحَ

“Saktemene nalikane nur melbu ono ing ati mongko ati iku dadi ombo lan legowo.”

Lajeng sahabat sami tanglet: “Nopo meniko wonten alamat ingkang saget dikaweruhi?” Nabi Saw ngendiko: 

نَعَمْ. التَّجَافِي عَنْ دَارِ الْغُرُوْرِ ، وَالْإِنَابَةُ اِلَى دَارِ الْخُلُوْدِ ، وَالْاِسْتِعْدَادُ لِلْمَوْتِ قَبْلَ نُزُوْلِهِ

"Iyo, yoiku kanti ngedohi (dunyo) deso pembujuk, lan bali marang (akhirat) deso langgeng, lan cawis-cawis atawi siap-siap marang pati sakdurunge dumugi."

Wonten setungal riwayat saking Ibnu Mas’ud: 

فَمَنْ يُرِدِ اللهُ اَنْ يَهْدِيَهُ يَشْرَحْ صَدْرَهُ لِلْإِسْلَامِ

Artosipun: “Mongko sinten mawon ingkang dipun kersaake Allah diparingi pitedah mongko Allah jembarake manahe marang Islam.” 

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Tondo-tondo menawi nur utowo cahaya sampun melebet wonten manah meniko ingkang nomer setunggal boten badhe kabujuk kalian dunyo. Imam al-Ghazali njelasaken bileh penyakit paling bahaya inggeh meniko hubbudunya(seneng dunyo). Keranten, saking hubbuddunya meniko muncul penyakit-penyakit lintu kados hasud, takkabur, dzolim, pencurian, korupsi lan sanesipun. Tiang ingkang manahipun sampun wonten nur mongko deweke badhe  misah marang dunyo. Boten wonten tombo marang hubbuddunya kejawi iman kelawan dinten akhir, dahsyate sikso lan agunge piwales. 

وَلَا عِلَاجَ لَهُ اِلَّا الْإِيْمَانَ بِالْيَوْمِ الْآخِرِ وَبِمَا فِيْهِ مِنْ عَظِيْمِ الْعِقَابِ وَجَزِيْلِ الثَّوَابِ

Jamaah ingkang minulyo, ingkang nomer kale inggeh meniko bangsul marang akhirat ingkang dados panggenan selawase, inggeh meniko omah ingkang estu omah, boten kados wonten dunyo ingkang namung panggenan lewatan damel nyuprih sangu lan damel dandan-dandan omah akhirat. Samestine kito boten bodoh lan ngertos sanget bileh akhirat meniko hakekate panggenan kito, panggenan piwales. Samestine kito sampun mangertosi bileh kito kedha dinginaken amal-amal akhirat tinimbang namung rongsokan dunyo, kedha dinginake sholat tinimbang penggawean, dinginaken zakat tinimbang nabung, dinginaken mangkat haji tinimbang tumbas mobil omah megah, ananging kito terus dipun kalahaken nafsu, difitnah kelawa nafsu kito piyambak. 

فَتَنْتُمْ أَنْفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ وَغَرَّتْكُمُ الْأَمَانِيُّ حَتَّى جَاءَ أَمْرُ اللهِ وَغَرَّكُمْ بِاللهِ الْغَرُوْرُ

Artosipun: Siro kabeh kefitnah nafsu siro kabeh (kelawan nuruti kesenengan) lan siro ngende-ngende (amal akhirat) lan siro mamang lan kabujuk angen-angen semu sehinggo dumugi perkarane Allah (inggeh meniko pati) lan siro dibujuk setan kelawan (salah mahami rahmat) Allah. (QS. Al-Hadid: 14)

Jamaah ingkang minulyo, ingkang nomer tigo tondo nur sampun melebet manah inggeh meniko siap-siap marang kematian saderenge dumugi wekdale. Pejah meniko mesti dumugi lan boten wonten tiang ingkang mangertosi kapan dumugine ajal. Monggo setiap detik meniko kito manfaatake damel cawis-cawis kematian. Tiang ingkang katah amal kesahenane mongko kematian kerahos enteng, amergi wekdal sakaratul maut piyambake dipun cabut malaikat ingkang nyerupo menungso ingkang ganteng, resik lan wangi, lan deweke dipun tingalake panggenan surgo ingkang badhe dipanggoni. Suwangsule tiang ingkang katah amal keawonane mongko sakaratul maut meniko keroso amrat sanget, kados disayat-sayat kelawan pedang kaping sewu, nyowo dipun cabut malaikat ingkang nyerupo makhluk ingkang sanget serem lan ambune basin lan panas, deweke ditingalake neroko panggonan urip salejenge. Na’udzubillah min dzalik 

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Nabi Muhammad saw sampun ngendiko:

الْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ ، وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللَّهِ 

Artosipun: Menungso kang cerdas yoiku wong kang iso ngalahno nafsune lan amal kerono keuripan sawuse mati, lan wong lemah utowo apes yoiku wong kang nuruti kesenengan nafsune lan deweke arep-arep semu angatase Allah. 

Mongko, milai meniko wekdal kito kedha sadar lan terus cawis-cawis sakderenge malaikat Izrail mundut nyowo kito. Keranten menawi nyowo sampun dipun cabut saking hinggo tenggorokan mongko boten wonten maleh usaha utowo persiapan ingkang saget kito lampahi, lan mesti bakal geton, sengsoro selawase.

Mugi-mugi Allah paring kito taufiq lan kekiatan saget terus ngelampahi kesahenan, lan didohake saking fitnah dunyo. Aamiin ya Robbal ‘aalamin ..

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ عِبَادِهِ الْمُتَّقِيْنَ، وَنَفَعَنَا وَاِيَّاكُمْ بِتِلَاوَةِ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، وَرَزَقَنَا وَاِيَّاكُمْ بِدَوَامِ الْاِسْلَامِ وَالْاِيْمَانِ، اِنَّهُ هُوَ الرَّزَّاقُ الرَّحِيْمُ

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا ۞ وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَى

وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Post a Comment for "Khutbah Jumat Jawa: Tondo Nur Mlebet Wonten Ati"