Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - 4 Cagak Dunyo

الخطبة الاولى
اَلْحَمْدٌ لِلهِ الَّذِيْ حَكَمَ فَأَحْكَمَ، وَحَلَّلَ وَحَرَّمَ، أَحْمَدُهُ عَلَى مَا عَرَّفَ وَعَلَّمَ، وَفَقَّهَ فِى دِيْنِهِ وَفَهَّمَ، وَأَشْهَدُ اَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهٗ، مَهَّدَ قَوَاعِدَ الدِّيْنِ بِكِتَابِهِ الْمُحْكَمِ، وَأَنْزَلَهٗ هِدَايَةً لِجَمِيْعِ الْأُمَمِ، وَأَشْهَدُ اَنَّ نَبِيَّنَا وَسَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهٗ، الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ مِنْ عَرَبٍ وعَجَمٍ، صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ  بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
 أَمَّا بَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ: اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى فَقَدْ فَازَ الْمُطِيْعُ الْمُتَّقِي، وَخَسِرَ الْمُسْرِفُ الْشَّقِيُّ، وَهَلَكَ الظَّالِمُ الْمُعْتُدِي: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ [آل عمران: 102]
Jamaah sidang jumah ingkang minulyo
Saking mimbar meniko, kawulo ngajak marang awak  kawulo piyambak lan jamaah sekalian, monggo sami ningkataken iman lan taqwa dumateng Alloh SWT kanthi sejatosipun iman lan taqwa. Inggeh meniko kanthi iman lan taqwa kelawan ngelampahi amal-amal sholih. Menawi mekaten, Alloh badhe paring gesang ingkang ayem lan tentrem, lan benjang Alloh bakal paring piwales kelawan pahala ingkang berjuta-juta tikelan langkung sahe nilainipun tinimbang amal-amal kito. Amal kito arupi sholat utowo sembahyang namung 5 menit, zakat kito namung 10 persen bahkan 2,5 persen, poso kito namung setunggal wulan, haji utowo umroh namung telas 30 juta niku mawon menawi kito anggadahi arto ingkang katah utowo mampu, sedanten meniko dipun wales kanthi kenikmatan ingkang sanget ageng, sami ugi kito rahosaken wonten dunyo soho benjang wonten akhirat. Alloh SWT ngendikaaken wonten Al-Qur’an:
مَنْ عَمِلَ صَالِحاً مّن ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيّبَةً  ۖ  وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُواْ يَعْمَلُوْنَ
Artosipun: Sinten tiang ingkang tumindak sholeh sami ugi jaler utowo estri lan piyambake podo iman, mongko temen kito(Alloh) bakal paring gesang ingkang sahe lan temen kito bakal paring piwales ingkang langkung sahe tinimbang nopo ingkang dilampahi. (QS. An-Nahl: 97)
Sahabat Ibnu Abbas paring tafsiran, bileh gesang ingkang sahe meniko kanthi dipun paringi rizki ingkang halal lan bersih, wonten riwayat lintu dipun paringi sifat qona’ah, wonten riwayat lintu dipun tafsiri kanthi kabegjan. Imam al-Hasan, imam Mujahid lan imam Qotadah dawuhaken, bileh boten wonten gesang ingkang sahe kangge tiang mukmin kejawi dipun lebetaken surgo. Imam Ad-Dhohak dawuhaken bileh gesang ingkang sahe meniko rizki ingkang halal lan sregep ibadah wonten dunyo. Ananging menggahipun Ibnu Katsir wonten Tafsir Ibnu Katsir gesang ingkang sahe mengku utowo mencakup sedanten tafsiran-tafsiran meniko. 
Jamaah sholat jumat ingkang minulyo
Wonten wekdal meniko, kulo badhe ngimutaken bileh umur dunyo meniko sampun parek-parek kehancuranipun. Wonten setunggal surat Al-Qur’an kito dipun peringataken bileh meniko sampun melebet wekdal ashar. Mongko hinggo tahun sakmeniko kito sampun melebet wonten wekdal ingkang sanget parek kalian pepeteng, sedanten ketingal samar-samar. Kito amrat sanget saget bedaaken pundi perkawis ingkang hak lan ingkang batal, pundi perkawis ingkang haram lan pundi ingkang halal, pundi serawungan ingkang sahe lan pundi serawungan ingkang awon. Wonten kondisi lan wekdal meniko ingkang saget nyelametaken kito kadoso ingkang dipun pesen Alloh wonten Al-Qur’an kito kedha anjagi iman lan amal-amal sholeh kito, ugi kito dipun perintah tutur-tutur perkawis ingkang hak lan tutur-tutur marang kesabaran. 
وَالْعَصْرِ ۞ إِنَّ الْأِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ ۞ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Jamaah sholat jumat ingkang minulyo
Wonten setunggal wekdal, Sayyidina Ali bin Abi Thalib karromallohu wajhah nate paring pitutur dateng sahabat Jabir bin Abdulloh Al-Anshori, ingkang surahipun: 
قِوَامُ الدُّنْيَا بِأَرْبَعَةٍ : بِعَالِمٍ يَعْمَلُ بِعِلْمِهِ ، وَجَاهِلٍ لَا يَسْتَنْكِفُ مِنْ تَعَلُّمِهِ ، وَغَنِيٍّ لَا يَبْخَلُ بِمَالِهِ ، وَفَقِيْرٍ لَا يَبِيْعُ آخِرَتَهُ بِدُنْيَاهُ
Artosipun : Cagak utowo pilar dunyo meniko wonten 4, yoiku: (1) tiang alim ingkang ngamalaken ilmune, (2) tiang bodoh ingkang boten wirang utowo isin ngaji, (3) tiang sugih ingkang boten kikir kelawan bondone, (4) tiang faqir ingkang boten ngedol akhirate kelawan dunyo.
Saklajengipun menantu Nabi Muhammad SAW meniko dawuh:
إِذَا لَمْ يَعْمَلِ الْعَالِمُ بِعِلْمِهِ اسْتَنْكَفَ الْجَاهِلُ مِنْ تَعَلُّمِهِ وَإِذَا بَخِلَ الْغَنِيُّ بِمَعْرُوفِهِ بَاعَ الْفَقِيرُ آخِرَتَهُ بِدُنْيَاهُ
"Naliko tiang alim boten ngamalaken ilmune, mongko tiang-tiang ingkang bodoh isin, wirang utowo boten purun ngaji, lan naliko tiang sugih kikir kelawan bondone mongko tiang fakir bakal ngedol akhirate kelawan dunyo."
Saking dawuh meniko, kito mangertosi bileh dunyo meniko saget kokoh lan kiat hinggo wekdal meniko amergi 4 perkawis meniko. Monggo, tiang-tiang ingkang anggadahi ilmu, khususipun poro kiai lan asatidz lan umumipun sedanten kito umat islam sekedik demi sekedik sami-sami ngamalaken ilmu ingkang dipun anggadahi. Ilmu ingkang dipun anggadahi meniko kadoso dining wit lan amal meniko kadoso buah. Masyarakat saget ngerahosaken manfaat saking ilmu meniko menawi wonten buah saking amal. 
Nomer kale, inggeh meniko tiang-tiang bodoh kedha terus semangat pados ilmu utowo ngaji. Catetan penting inggeh meniko: sedanten saking kito kalebet tiang-tiang ingkang bodoh ingkang takseh butuh ngaji lan belajar ilmu agami. Takseh katah banget ilmu agami ingkang kedha kito pelajari. Boten wonten istilah sampun anggadahi ilmu katah sanget ngantos boten purun ngaji. Keranten meniko, Rosululloh SAW ngendikaaken: Podo goleko ilmu siro kabeh awit saking ono gendongan ibu ngantos melbu liang lahad utowo pejah. 
Jamaah sekalian, belajar ilmu lan ngamalaken ilmu puniko boten namung dados pilar dunyo ananging ugi dados alamat kawontenane ruh agami islam. Imam al-Qusyairi wonten Risalah al-Qusyairiyah nukil setunggal pangendikan imam Muhammad bin fadhol: 
ذَهَابُ الْإِسْلَامِ مِنْ أَرْبَعَةٍ: لَا يَعْمَلُوْنَ بِمَا يَعْلَمُوْنَ، وَيَعْمَلُوْنَ بِمَا لَا يَعْلَمُوْنَ، وَلَا يَتَعَلَّمُوْنَ مَالَا يَعْلَمُوْنَ، وَيَمْنَعُوْنَ النَّاسَ مِنَ التَّعَلُّمِ
Artosipun: Ilange islam meniko sebab 4 perkawis: (1) boten ngamalaken nopo ingkang dipun kaweruhi, (2) ngamalaken perkawis ingkang boten dipun weruhi, (3) boten ngaji nopo ingkang boten dipun weruhi, (4) nyegah anak utowo masyarakat saking ngaji utowo belajar agami.
Tegese, tergeruse keindahanipun islam lan sirnane nur islam meniko kelawan papat perkawis : Sepindah boten ngemalaken perkawis ingkang dipun mangertosi, keranten piyambake wekdal pados ilmu namung kepingin dihormati masyarakat umum, lan piyambake namung damel ilmu meniko dados wasilah perantara ngempalaken dunyo ingkang halal utowo haram. Nomer kaleh ngamalaken perkawis ingkang boten dipun mangertosi. Ateges ibadah kelawan dasar kebodohan, ngamalaken wirid, sholat sunah namung berlandasaken akal lan adat mawon. Kaping tigo boten kepingin belajar perkawis ingkang dereng dipun mangertosi, terutami ilmu-ilmu hal ingkang wajib dipun pelajari, ateges ilmu-ilmu keseharian kadoso ilmu-ilmu sholat, ilmu masalah ati, ilmu zakat kangge ingkang wajib zakat, ilmu haji kangge ingkang badhe berangkat haji lan sakpiturute. Ilmu meniko kedha dipun pundut saking ulama supadoso kito boten salah anggen mahami agami. Kaping sekawan inggeh meniko boten nyegah menungso saking belajar ilmu agami. Boten nyegah anak ingkang kepingin ngaji lan mondok, boten nyegah masyarakat ndamel-ndamel pengaosan lan sakpiturute. 
Jamaah ingkang minulyo, bangsul dateng pilar dunyo ingkang ongko tigo, inggeh meniko tiang sugih boten kikir kelawan bondone. Tiang sugih ingkang dermawan meniko saget dados pilar dunyo menawi bondonipun dipun tasharufaken wonten jalaran ingkang sahe. Dermawan meniko setunggal sifat ingkang dipun anggadahi Rasululloh SAW lan poro sahabat, sehinggo saget narik tiang-tiang sami seneng melebet islam. Lan kanthi sifat dermawan meniko islam saget kiat material lan sosial. Sedanten kegiatan-kegiatan positif saget terlaksana kanthi lancar lan saget kompak seduluran ingkang nurunaken rahmat Alloh SWT.
Ingkang nomer sekawan pilar dunyo meniko, tiang faqir boten ngedol akhirate kelawan dunyo, ateges boten purun agawe nyolong, boten purun begal, boten merdamel ingkang dibendoni Alloh kadoso judi, ngundi nasib lan perdamelan-perdamelan harom lintune, nopo maleh ngantos estu-estu ngedol agamane kelawan dunyo tegese murtad-na’udzu billahi min dzaalik-, ingkang sedantene ndadosaken Alloh bendu marang deweke. 
Jamaah sholat jumat ingkang minulyo
Saking sekawan pilar meniko, sedanten anggadahi keutamaanipun masing-masing. Tiang alim ingkang ngamalaken ilmu sampun mesti dipun wales kelawan surgo, tiang sugih ingkang dermawan dipun isyarataken wonten setunggal hadits piyambake parek-parek kelawan Alloh lan surgo. Tiang bodoh ingkang takseh purun ngaji ugi dipun dawohaken Sayidina Ali karromallahu wajhah:
اَنَّ الْمَلَائِكَةَ لَتَضَعُ أَجْنِحَتَهَا لِطَالِبِ الْعِلْمِ وَأَنَّ الْحِيْتَانَ فِى الْبَحْرِ لَتَسْتَغْفِرُ لَهُ
“Saktemene malaikat podo nggelar sayap-sayape kangge tiang ingkang pados ilmu lan iwak-iwak wonten segoro podo maos istighfar kangge tiang ingkang pados ilmu”
Lan tiang faqir ingkang sabar lan anjagi utowo ngerekso kehormatan lan agamanipun meniko ugi dipun dawuhaken Rosululloh SAW: 
إِنَّ اللهَ يُحِبُّ عَبْدَهُ الْمُؤْمِنَ الْمُتَعَفِّفَ الْفَقِيْرَ
Artosipun: Saktemene Alloh seneng kawulane kang mukmin kang faqir kang ngerekso kehormatane
Jamaah sholat jumat ingkang minulyo
Mekaten sekedik khutbah ingkang saget kawulo aturaken. Mugi-mugi kito didadosaken bagian saking sekawan pilar dunyo meniko, sehinggo dunyo meniko saget adem lan ayem tentrem boten wonten peperangan lan bencana. Mugi-mugi saking kito ingkang alim, ingkang takseh bodoh, ingkang sugih, lan ingkang fakir dipun tebihaken saking sifat hasud, sifat sombong, sifat seneng ngino sedulur islam, sifat rumongso bener piyambak dan dipun ditebihaken saking pembujuk setan lan howo nafsu ingkang sanget alus sami ugi wekdal setan lan nafsu meniko ngajak marang kesahenan nopo malih keawonan. Aamiin …
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ  وَالْعَصْرِ ۞ إِنَّ الْأِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ ۞ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Post a Comment for "Khutbah Jumat Bahasa Jawa - 4 Cagak Dunyo"