Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Amal Namung Wekdal Longgar

الخطبة الاولى

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ شَاهِدًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيًا اِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا وَمُنِيْرًا، وَاَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْعَالَمِيْنَ، وَقَيُّوْمُ السَّمَوَاتِ وْالْاَرَضِيْنَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ اَخْلَاقِ الْمَخْلُوْقِيْنَ، رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَالْعَامِلِيْنَ بِسُنَّتِهِ وَالدَّاعِيْنَ اِلَى شَرِيْعَتِهِ الرُّحَمَاءِ فِيْمَا بَيْنَهُمْ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ . اَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، اِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى فِى السِّرِّ وَالْعَلَانِيَّةِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَقَدْ قَالَ اللهُ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:  وَمَا تَفْعَلُواْ مِنْ خَيْرٍ يَعْلَمْهُ اللّهُ وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُوْلِي الأَلْبَابِ

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Monggo kito sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dumateng Alloh kanti usaha agawe perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Sampun ngantos kito seneng nilar perintah Alloh lan wantun-wantun nerjang nopo ingkang dipun larang, hinggo dadosaken kito tebih saking taufiq lan hidayah Alloh. 

Jamaah ingkang minulyo, wonten dinten meniko kulo ngajak dateng jamaah sedoyo supadoso tansah syukur dumateng Alloh kelawan pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken, nikmat umum arupi sehat awak, sehat keluarga, lan pinaringan kecukupan, ugi nikmat khusus arupi saget netepi iman lan ngelampahi sholat jumat kanthi khusu’ lan khudu’. Lan kito sampun ngantos supeh lan bosen kirim dungo dateng sederek Islam kito wonten Palestina, Yaman lan negoro lintu ingkang berjuang ngadepi kedzoliman musuh-musuh Islam. Kito dungaaken muslim minoritas wonten sedoyo pejajahan dunyo mugi-mugi saget ibadah kanti aman lan tentrem, saget serawungan bermasyarakat kanthi rukun boten wonten intimidasi lan ancaman saking penduduk mayoritas. Ugi kito dungaaken awak kito piyambak lan sedoyo sederek kito ingkang takseh seneng maksiat lan nerjang larangan Alloh, mugi-mugi inggal dipun paringi taufiq lan hidayah sehinggo saget sregep agawe kesahenan. Dipun sebutaken wonten Al-Mu’jam as-Shoghir Imam Thabrani, hadits riwayat saking Hudzaifah bin al-Yaman, Rosulullah saw dawuhaken: 

مَنْ لا يَهْتَمَّ بِأَمْرِ الْمُسْلِمِينَ فَلَيْسَ مِنْهُمْ، وَمَنْ لا يُصْبِحْ وَيُمْسِي نَاصِحًا لِلَّهِ وَلِرَسُولِهِ وَلِكِتَابِهِ وَلإِمَامِهِ وَلِعَامَّةِ الْمُسْلِمِينَ فَلَيْسَ مِنْهُمْ

Artosipun: Sopo wonge ingkang boten prihatin marang urusane wong islam mongko piyambake boten kalebet golongane wong islam. Lan sopo wonge wonten injeng lan sonten boten ngarepaken bagus marang Alloh, marang Rasululloh, marang Kitabulloh, marang poro pemimpin lan sedanten umat islam mongko deweke ora termasuk golongane wong islam. 

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Wonten kesempatan meniko, khatib badhe nyampeaken setunggal pesen Syekh Ibnu Atho’illah as-Sakandari ingkang sampun dipun serat wonten kitab Al-Hikam. Panjenenganipun wanti-wanti sampun ngantos ibadah tuwin amal akhirat kito tunda-tunda hinggo kawontenan wekdal longgar tuwin ati tenang, keranten sifat meniko dados setunggal wujud kebodohan awak kito. 

إِحَالَتُكَ الْأَعْمَالِ عَلَى وُجُوْدِ الْفَرَاغِ مِنْ رُعُوْنَاتِ النُّفُوْسِ

Artosipun: Anggone siro nunda-nunda amal akhirat ngantos wonten kondisi longgar tuwin nganggur meniko kalebet kebodohanipun awak.

Tegesipun, menawi kito ngelampahi taat tuwin ibadah namung ngentosi rampungipun sedoyo pendamelan dunyo tuwin ngentosi legowone ati saking tanggungan-tanggungan duniawiyah, meniko kalebet komprong tuwin kebodohan. Contonipun wekdal sholat isya meniko adzan kirang langkung jam 7, ananging kito nunda ngelampahi sholat mangke mawon mangke mawon bahkan wonten diantawis kito langkung milih tilem rumiyen keranten biasa ngelilir jam 2tuwin jam 3 meniko kalebet kebodohan. Keranten kito boten mangertosi nopo gesang kito ngantos wekdal ingkang sampun kito angen-angen meniko, sementara kematian menawi sampun wancine mesti dumugine tanpo kito sadari lan sumerepi sakderenge. Utowo wekdal siang sibuk katha pendamelan sehinggo kito ngende-ngende ibadah sholat dhuha tuwin sholat dzuhur ngentosi rampunginpun pendamelan meniko ugi kalebet kebodohan. Bahkan ciloko saestu menawi ngantos kito ngelerwaaken kewajiban sholat keranten katahipun pendamelan dunyo. Alloh Swt sampun ngilingaken wonten surat Al-A’la ayat 16 dan 17

بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا ۝ وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَى

Artosipun: Balik podo milih siro kabeh ing kauripan dunyo, ananging akhirat luwih bagus lan langgeng.

Rasulullah saw ngendikaaken: 

اَلْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ وَالْأَحْمَقُ مَنِ أتَّبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّي عَلَى اللهِ الْأَمَانِيَّ

Artosipun: Tiang ingkang cerdas meniko ingkang saget nundukno nafsune lan amal kerono kauripan ba’da mati, lan tiang bodoh meniko tiang ingkang nuruti howo nafsu lan angen-angen semu ingatase Alloh (tegese tanpo usaha ibadah)

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Kito mangertosi bilih dunyo meniko namung sesaat boten badhe kito beto ngantos akhirat. Menawi tenogo lan fikiran terus kito ginaaken kangge dunyo mongko kito kalebet tiang ingkang rugi lan ciloko. Benjang wekdal pejah dunyo boten wonten ingkang saget bantu marang kito kejawi amal ibadah lan sedekah kito. Nabi Muhammad saw ngendikaaken:

يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثَةٌ : أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ، فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى وَاحِدٌ، يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ

Artosipun: Tigo perkawis ingkang ngiring mayit(tumuju alam kubur) yoiku keluargane, bondo dunyone, lan amale. Banjur kang loro bakal wangsul lan kang siji iseh netep. Bakal wansul keluargane lan bondo dunyone lan isek netep amal ibadahe. 

Jamaah ingkang minulyo, Kados pundi kito keciwo? Wekdal tasek sugeng kito terus berjuang ngumpulaken bondo dunyo, hinggo kadoso boten wonten wekdal kejawi kangge mikiraken pendamelan-pendamelan dunyo. Kados pundi kito belani keluarga, kados pundi kito biayani lan ngerumat mobil kendaraan, sandang pangan lan omah, ananging benjang menawi sampun wancine kito dipun pekso malaikat Izrail pindah tuwin boyong saking omah dumugi kuburan boten wonten ingkang saget ngerencangi. Ingkang ngerewangi kito benjang namung amal ibadah, amal kesahenan lan sedekah kito ingkang namung kito lampahi sakobere, namung kito lampahi wekdal nganggor ati lan awak, sementara wekdal meniko sitik banget. Wonten setunggal hadits dipun riwayataken saking Imam Ahmad lan rawi lintune saking Baro’ bin Azib ingkang nerangaken kondisi wonten kubur. Benjeng bakal wonten amal ingkang ngerewangi kito ngerupo-rupo tiang ingkang ganteng, sahe sandangan lan wangi ambune. Amal meniko ngucap,”Bungaho siro kelawan perkoro kang bakal dadekno siro bunga” Banjur kito tanglet: “Siro iki sopo?” Amal meniko ngucap: “Aku amal keapikanmu ono ing dunyo.” Banjur wonten mayit ingkang dipun tekani tiang ingkang olo sanget rupane ingkang bakal dadekno piyambake wedi. Tiang ingkang olo meniko amal kealanan kito wonten alam dunyo. Na’udzubillahi min dzalik. 

Jamaah sholat jumat ingkang minolyo

Imam Ad-Dhohak nate kepangge setunggal tiang ingkang beto arto tuwin dirham. Lajeng Imam ad-Dhohak tanglet, “Sopo sing anduweni dirham iki?” Lajeng tiang meniko njawab: “Kulo ingkang anduweni dirham meniko.” Lajeng Ad-Dhahak dawuh: “Dirham iku iso dadi milik siro menawi siro infaqno ono ing kesahenan utowo kanggo syukur nikmat.”

أَنْتَ لِلْمَالِ إِذَا أَمْسَكْتَهُ فَإِذَا أَنْفَقْتَهُ فَالْمَالُ لَكَ

Artosipun: “Siro sasat milike bondo dunyo naliko bondo meniko siro simpen, ananging naliko siro infaqno marang kesahenan mongko bondo meniko (sejatine) milike siro.”

Jamaah sidang jumat ingkang minulyo

Tiang-tiang ingkang estu akale sempurno lan atine bersih meniko mesti usaha nyiapaken kesempatan kangge munajat marang Alloh, lan enggal-enggal ibadah tanpo kendo, keranten piyambake sami mangertosi bileh wekdal meniko awis sanget kangge ngelampahi ibadah. Prioritas utama tiang-tiang sholih meniko tansah amal kesahenan kangge tabungan wonten akhirat. Rosulullah Saw ngendikaaken: 

أَلَا وَاِنَّ مِنْ عَلَامَةِ الْعَقْلِ التَّجَافِي عَنْ دَارِ الْغُرُوْرِ وَاْلْإِنَابَةُ إِلَى دَارِ الْخُلُوْدِ وَالتَّزَوُّدُ لِسُكْنَي الْقُبُوْرِ وَالتَّأَهُّبُ لِيَوْمِ النُّشُوْرِ

Artosipun: Iling-ilingo siro, lan saktemene diantarane alamat akal sempurno yoiku ngedohi dunyo(panggonan pambujuk), bangsul marang akhirat(panggenan langgeng), pados sangu kanggo netep ing alam kubur, lan siap-siap ngadepi dino kebangkitan.

Jamaah sidang jumah ingkang minulyo 

Kito kedah pinter-pinter ngatur wekdal kito mumpung takseh gesang wonten dunyo. Sampun ngantos wekdal sedinten muput namung kito ginaaken damel pendamelan dunyo ingkang boten badhe kito beto mati. Kito kedah anggadahi wekdal kangge ibadah, ngaji lan intropeksi diri supados dados tiang ingkang bejo wonten dunyo soho benjang wonten akhirat. Wonten mushaf Nabi Ibrahim dipun sebataken:

وَعَلَى الْعَاقِلِ مَا لَمْ يَكُنْ مَغْلُوْباً عَلَى عَقْلِهِ اَنْ تَكُوْنَ لَهُ سَاعَاتٌ سَاعَةٌ يُنَاجِي فِيْهَا رَبَّهُ عَزَّ وَجَلَّ وَسَاعَةٌ يُحَاسِبُ فِيْهَا نَفْسَهُ وَسَاعَةٌ يَتَفَكَّرُ فِيْهَا فِى صُنْعِ اللهِ عَزَّ وَجَلَّ وَسَاعَةٌ يَخْلُوْ فِيْهَا بِحَاجَتِهِ مِنَ الْمَطْعَمِ وْالْمَشْرَبِ

Artosipun: Tiang ingkang berakal sempurno-selagine akale boten kalah akale- kedah anggadahi pembagian wekdal-wekdal: ingkang sepindah wekdal kangge munajat marang Allah Swt, nomer kale wekdal kangge muhasabah tuwin intropeksi diri, nomer tigo wekdal kanggo mikir-mikir kuasane Alloh wonten ciptaane, lan nomer sekawan wekdal kanggo menuhi kebutuhan pangan lan ombenane.

Mugi-mugi kito dipun paringi taufiq lan inayah Alloh saget terus usaha lan ngutamaaken amal-amal ibadah akhirat ngalahaken pendamelan-pendamelan dunyo. Mugi-mugi kito dipun paringi rizki ingkang halal lan berkah kangge bantu semangat lan khusyu ibadah marang Alloh Swt. Aamiin ya Robbal ‘aalamin..

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ (1) حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ (2) كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُونَ (3) ثُمَّ كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُونَ (4)

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ الْمُتَّقِيْنَ وَرَزَقَنَا وَاِيَّاكُمْ بِتِلَاوَةِ الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَأَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى جَنَّةِ النَّعِيْمِ اِنَّهُ هُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ اَمْرًا عَمِيْمًا وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَرَوَعُثْمَانَ وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ انْصُرْ اِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِى فَلَسْطِيْن اَللّٰهُمَّ ثَبِّتْ اِيْمَانَهُمْ وَاَنْزِلِ السَّكِيْنَةَ عَلَى قُلُوْبِهِمْ. اَللّٰهُمَّ اَلْقِ الرُّعْبَ فِى قُلُوْبِ الظَّالِمِيْنَ الْمُتَكَبِّرِيْنَ الْمُتَجَبِّرِيْنَ اَللّٰهُمَّ فَرِّقْ جَمْعَهُمْ وَشَتِّتْ شَمْلَهُمْ وَخَالِفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَلَا تُبَلِّغْهُمْ اٰمَالَهُمْ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اللّهُمَّ يَسِّرْ لَنَا أُمُوْرَنَا مَعَ الرَّاحَةِ لِقُلُوْبِنَا وَأَبْدَانِنَا وَالسَّلاَمَةِ وَالْعَافِيَةِ فِى دِيْنِنَا وَدُنْيَانَا وَآخِرَتِنَا وَكُنْ لَنَا صَاحِبًا فِى سَفَرِنَا وَخَلِيْفَةً فِى أَهْلِنَا وَاطْمِسْ عَلَى وُجُوْهِ أَعْدَائِنَا وَامْسَخْهُمْ عَلَى مَكَانَتِهِمْ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ الْمُضِيَّ وَلاَ الْمَجِئَ إِلَيْنَا. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Post a Comment for "Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Amal Namung Wekdal Longgar"